Jumat, 26 Oktober 2018

Renungan Riyaya Salib Suci, Wulan September



RENUNGAN RIYAYA SALIB SUCI


Saben tanggal 14 September, sedoyo umat Katholik, mengeti riyaya Salib Suci Dalem Gusti.
Pengetan menika mratelakaken wujuding iman kita, bilih sarana salib, Gusti piyambak damel pakaryan ageng wonten ing donya sak perlu asung kawilujengan dateng sedoyo umat ingkang sampun dhawah wonten ing sakwarnining dosa.

Gusti pirsa. bilih manungsa menika ringkih bab dosa, kamangka ganjaran dosa menika pati.
Mila awit kawelasan Dalem piyambak, Gusti maringaken Sang Putra kinasih sarana nglampahi sangsara lan sedo sinalib supados manungsa ingkang pitados ing Panjenengane saged wilujeng lan manggih gesang langgeng sareng kaliyan Panjenengane.

Kados dene kang sinerat ing kitab Bil, 21 : 5-9, nalika semono bangsa Israel ingkang sampun kadosan lan nyenyamah Gusti. Lajeng  sawer sami dugi lan nyakot tiyang-tiyang wau, saenggo kathah ingkang sami tiwas.
Nangging. Gusti tasih midhangetaken pasambatipun umat Israel ingkang sampun kadosan wau, lajeng paring dhawuh dhateng Musa, supados yasa ula tembaga lan kapanjer. Dene tiyang ingkang sami kacokot sawer sami mandeng ula tembaga wau lan dados saras.

Gesang kita sak cara Katholik pitados. Bilih salib menika tuhu suci, awit dados damparipun Gusti piyambak ingkang kamulyakaken. Lan ugi tandha tresna Dalem ingkang paring kamenangan dhateng manungsa saking pejah langgeng.

Kita ugi nggadahi salib piyambak-piyambak wonten ing gesang kita, awujud panandhang lan awrating gesang, ingkang kedhah kita pikul. Nangging menawi kita sabar lan setya, kita ugi badhe nggadahi kamenangan.

Riyaya salib suci Dalem Gusti ugi mboten lepas saking kisah santa Helena (ibunipun Konstantinus Agung kaisar Romawi), wanita saleh lan tekun wonten ing iman, kalebet nalika nampi tekanan politik lajeng kabucal sareng putranipun, amargi imanipun ing Sang Kristus. Nanging margi ketekunan ing iman menika wau ndadosaken santa Helena saged mangihaken salib suci Dalem Gusti Yesus ingkang sampun kakubur.
Salib nyata tandha kamenangan kita. AMIN..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar