Renungan Katholik ibadat memule
Para
sederek lan kadhang kinasih ing Sang Kristus, sugeng pepanggihan lan Berkah
Dalem.
Pengetan
memule sedherek ingkang sampun katimbalan Gusti menika, ngemutaken dhateng kito sedaya, wonten
ing kalih perkawis.
Ingkang
kapisan, bilih sedoya titah menika pidatos ingkang gesang temtu ugi ngalami
pejah.
Embuh kapan kita kakersakake wangsul
dateng Gusti, embuh.. kita sampun siap lan mboten siap namung Gusti piyambak ingkang
mangertos.
Lha ingkang saged katindakakaken
sakmenika namung toto-toto wonten gesang kita, supados nalika wekdalipun
dumugi, kita pinangih pantes lan siap nalika kakersakaken sowan ing ngarsa
Dalem.
Ingkang
nomer kalih inggih menika kita pitados bilih kematian mboten ateges akhir
sedayanipun.
Kapitadosan umat beriman, bilih
kematian wonten ing alam donya menika, dados langkah kelanjutan dumateng gesang
langgeng.
Wiwit awal kita cinipta,- lajeng
dipun lairaken lan gesang wonten ing alam donya-, lajeng katimbalan malih
supados nilar alam menika wangsul dhateng Gusti,. Sampun Gusti temtokaken
piyambak. Kalebet Gusti ugi nyiapaken swarga langgeng dateng umat manungsa,
ingkang jan jane manungsa menika mboten pantes nampi amargi saben-saben tansah
nindakaken dosa. Kamangka kita ugi mangertos bilih dosa-dosa menika dadosaken
kita tebih dhateng Gusti, Lan caket dumateng pati.
Kados
ing kitab kejadian, ugi nyariosaken bilih bapa Adam lan ibu Hawa ugi kedah
nilar taman Eden, pinangka paukuman margi nerak dhawuh Dalem Gusti. Nangging
sarana kawelasan Dalem, Gusti tasih njagi lan njamin gesangipun bapa Adam lan
ibu Hawa wau.
Ugi nalika Kain merjaya adhinipun Habil, Kain ugi kaukum dening Gusti lajeng
kesah dateng Nod, sakwetanipun Eden. Nangging Gusti ugi tasih njagi Kain supados
mboten pejah.
Kawelasan
Dalem Gusti nyata sak kalangkung ageng tumrap sedaya umat.
Sarana panebusan mawi rah lan salira Hyang Putra, inggih
menika Gusti piyambak, supados pati kabengkas. Saengga manungsa gadhah
pangajeng-ajeng ndherek gesang langgeng
sareng kaliyan Gusti, ingkang kebak ing kamulyan.
Kados ingkang tinulis bilih saben
wong sing weruh lan ngandel marang Hyang Putra, ndarbenana urip langgeng lan
Daktangekake ing dino pungkasan.
Gesang
langgeng sampun kita tampi namung awit saking kemurahan Gusti piyambak.
Namung, dosa ingkang katindakaken
nalika gesang wonten ing donya, kedhah resik rumiyin, jiwa kedhah murni,
supados saged nderek mulya wonten ing kaswargan.
Ing mriki kita pitados bilih wonten
ingkang naminipun latu pangresikan utawi papan penyucian jiwa2.
Sakmenika
tugas kita ing ingkang tasih gesang ing donya, sami ngaturaken donga lan kurban
sesarengan kangge para sukma ingkang tasih wonten ing latu pangresikan,
langkung-langkung kangge para sukma sedherek kita, mbokmenawi ugi tasih wonten
ing papan menika wau.
Pikempalan
kita menika ugi selaras kaliyan anjuran gereja, ugi karsa Dalem Gusti piyambak
ingkang dipun dawuhaken lantaran St Faustina. Supados kita ingkang tasih gesang
wonten ing donya menika tanpa kendhat sak perlu ndongakaken para sukma ing latu
pangresikan, sak enggo para sukma wau ingkang sak kalangkung mbetahaken
pandonga kita enggal sagedo kaentas saking papan menika lan enggal nampi
kabegjan langgeng ing swarga kanthi kawelasan Dalem Gusti piyambak.. AMIN.
(materi renungan ibadat memule lingkungan St Faustina, 2018)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar