Rabu, 31 Oktober 2018

SYAIR LAGU DAN NOTASI SANTA FAUSTINA

SANTA FAUSTINA                               do = c      4/4

3     .    3     .     4  I  5    .    3     .    3  1     1     2     2  I  3     .     .     0   I

San  -  ta         Faus-ti     -  na,       Kau   pi – lih –an  Tu   -  han
6     6  6     7     7  I  !     .     6     .  6  I  5     3     1     3  I  2     .     .      0   I

Rasul   Ke- ra-hi  -  man   -  Nya,    pen-do –a     yg   se-tia
3     .  3      3      4  I  5     .     3     .  1  I  4      6     7     !  I  5     .     .     0   I

Do   -  a  - kan-lah    ka   -    mi       ke – pa – da  Tu   -     han
!     .  !     7     @   I  !     7  6     5     4  I  3     5     2      3  I  1     .     .     0  I

Kar  -  na  Tu-han   Ye – sus    lah   an – dalan   ma- nu-   sia

II :     2      .  3      4      2   I   3     .   4       5       3       I

           Da    -   ri    lambung    yg       ter – ti  -  kam
            6      6      7      ! @  I  !         6         5        .       I

          Tlah  meman -  car       si   -   nar – Nya
            !     .  !       7       6   I  5        3        1        4        I

            Di   -  a   -   lah   pemba   -   wa      da  -  mai
             3         3   5     2      .   1    I   1     .     .     0       : II

            Ba    -  gi  du- ni          -          a


Syair & Lagu Stefan Leks 2003
ref Seksi Musik Komisi Liturgi KWI 2003



Jumat, 26 Oktober 2018

Renungan Riyaya Salib Suci, Wulan September



RENUNGAN RIYAYA SALIB SUCI


Saben tanggal 14 September, sedoyo umat Katholik, mengeti riyaya Salib Suci Dalem Gusti.
Pengetan menika mratelakaken wujuding iman kita, bilih sarana salib, Gusti piyambak damel pakaryan ageng wonten ing donya sak perlu asung kawilujengan dateng sedoyo umat ingkang sampun dhawah wonten ing sakwarnining dosa.

Gusti pirsa. bilih manungsa menika ringkih bab dosa, kamangka ganjaran dosa menika pati.
Mila awit kawelasan Dalem piyambak, Gusti maringaken Sang Putra kinasih sarana nglampahi sangsara lan sedo sinalib supados manungsa ingkang pitados ing Panjenengane saged wilujeng lan manggih gesang langgeng sareng kaliyan Panjenengane.

Kados dene kang sinerat ing kitab Bil, 21 : 5-9, nalika semono bangsa Israel ingkang sampun kadosan lan nyenyamah Gusti. Lajeng  sawer sami dugi lan nyakot tiyang-tiyang wau, saenggo kathah ingkang sami tiwas.
Nangging. Gusti tasih midhangetaken pasambatipun umat Israel ingkang sampun kadosan wau, lajeng paring dhawuh dhateng Musa, supados yasa ula tembaga lan kapanjer. Dene tiyang ingkang sami kacokot sawer sami mandeng ula tembaga wau lan dados saras.

Gesang kita sak cara Katholik pitados. Bilih salib menika tuhu suci, awit dados damparipun Gusti piyambak ingkang kamulyakaken. Lan ugi tandha tresna Dalem ingkang paring kamenangan dhateng manungsa saking pejah langgeng.

Kita ugi nggadahi salib piyambak-piyambak wonten ing gesang kita, awujud panandhang lan awrating gesang, ingkang kedhah kita pikul. Nangging menawi kita sabar lan setya, kita ugi badhe nggadahi kamenangan.

Riyaya salib suci Dalem Gusti ugi mboten lepas saking kisah santa Helena (ibunipun Konstantinus Agung kaisar Romawi), wanita saleh lan tekun wonten ing iman, kalebet nalika nampi tekanan politik lajeng kabucal sareng putranipun, amargi imanipun ing Sang Kristus. Nanging margi ketekunan ing iman menika wau ndadosaken santa Helena saged mangihaken salib suci Dalem Gusti Yesus ingkang sampun kakubur.
Salib nyata tandha kamenangan kita. AMIN..


Rabu, 24 Oktober 2018

Renungan Ibadat Katholik Memule kang wes sumare




Renungan Katholik ibadat memule

              Para sederek lan kadhang kinasih ing Sang Kristus, sugeng pepanggihan lan Berkah Dalem.

              Pengetan memule sedherek ingkang sampun katimbalan Gusti  menika, ngemutaken dhateng kito sedaya, wonten ing kalih perkawis.

              Ingkang kapisan, bilih sedoya titah menika pidatos ingkang gesang temtu ugi ngalami pejah.
Embuh kapan kita kakersakake wangsul dateng Gusti, embuh.. kita sampun siap lan mboten siap namung Gusti piyambak ingkang mangertos.
Lha ingkang saged katindakakaken sakmenika namung toto-toto wonten gesang kita, supados nalika wekdalipun dumugi, kita pinangih pantes lan siap nalika kakersakaken sowan ing ngarsa Dalem.

              Ingkang nomer kalih inggih menika kita pitados bilih kematian mboten ateges akhir sedayanipun.
Kapitadosan umat beriman, bilih kematian wonten ing alam donya menika, dados langkah kelanjutan dumateng gesang langgeng.
Wiwit awal kita cinipta,- lajeng dipun lairaken lan gesang wonten ing alam donya-, lajeng katimbalan malih supados nilar alam menika wangsul dhateng Gusti,. Sampun Gusti temtokaken piyambak. Kalebet Gusti ugi nyiapaken swarga langgeng dateng umat manungsa, ingkang jan jane manungsa menika mboten pantes nampi amargi saben-saben tansah nindakaken dosa. Kamangka kita ugi mangertos bilih dosa-dosa menika dadosaken kita tebih dhateng Gusti, Lan caket dumateng pati.

              Kados ing kitab kejadian, ugi nyariosaken bilih bapa Adam lan ibu Hawa ugi kedah nilar taman Eden, pinangka paukuman margi nerak dhawuh Dalem Gusti. Nangging sarana kawelasan Dalem, Gusti tasih njagi lan njamin gesangipun bapa Adam lan ibu Hawa wau.
Ugi nalika Kain merjaya adhinipun  Habil, Kain ugi kaukum dening Gusti lajeng kesah dateng Nod, sakwetanipun Eden. Nangging Gusti ugi tasih njagi Kain supados mboten pejah.

              Kawelasan Dalem Gusti nyata sak kalangkung ageng tumrap sedaya umat.
Sarana panebusan mawi rah lan salira Hyang Putra, inggih menika Gusti piyambak, supados pati kabengkas. Saengga manungsa gadhah pangajeng-ajeng ndherek  gesang langgeng sareng kaliyan Gusti, ingkang kebak ing kamulyan.
Kados ingkang tinulis bilih saben wong sing weruh lan ngandel marang Hyang Putra, ndarbenana urip langgeng lan Daktangekake ing dino pungkasan.

              Gesang langgeng sampun kita tampi namung awit saking kemurahan Gusti piyambak.
Namung, dosa ingkang katindakaken nalika gesang wonten ing donya, kedhah resik rumiyin, jiwa kedhah murni, supados saged nderek mulya wonten ing kaswargan.
Ing mriki kita pitados bilih wonten ingkang naminipun latu pangresikan utawi papan penyucian jiwa2.

              Sakmenika tugas kita ing ingkang tasih gesang ing donya, sami ngaturaken donga lan kurban sesarengan kangge para sukma ingkang tasih wonten ing latu pangresikan, langkung-langkung kangge para sukma sedherek kita, mbokmenawi ugi tasih wonten ing papan menika wau.

              Pikempalan kita menika ugi selaras kaliyan anjuran gereja, ugi karsa Dalem Gusti piyambak ingkang dipun dawuhaken lantaran St Faustina. Supados kita ingkang tasih gesang wonten ing donya menika tanpa kendhat sak perlu ndongakaken para sukma ing latu pangresikan, sak enggo para sukma wau ingkang sak kalangkung mbetahaken pandonga kita enggal sagedo kaentas saking papan menika lan enggal nampi kabegjan langgeng ing swarga kanthi kawelasan Dalem Gusti piyambak.. AMIN.

(materi renungan ibadat memule lingkungan St Faustina, 2018)

Renungan Katholik Ibadat Memule


Renungan Katholik, Sembahyangan memule, kangge ingkang sampun sumare

              

Para sedherek ingkang kinasih, sugeng pepanggihan lan berkah Dalem.
   
             Wonten ing iman Kristiani, kita sami pitados, bilih ingkang nglampahi gesang ing alam donya meniko temtu bakal nglampahi sedo. Sarana sedo, badan wadat ugi kadonyan kita katilar, lan jiwa kita ingkang kakersakaken kundur dhateng Gusti.
        Sedoyo manungsa temtu gadhah pepenginan sedo ingkang sae, ingkang sampun siap pepangihan kalihan Gusti. Wonten ing prakawis menika, manungsa namung saged usaha sak sae-saenipun, supados gesang kita salaras kaliyan karsa Dalem.
                Nangging gesang ingkang kados pundi ingkang kita kedhah upadi, supados selaras kaliyan karsa Dalem?
              Wonten ing Injil Yohanes 5: 29 kaserat bilih tiyang ingkang tumindakipun sae badhe dipun tangekaken lan nampi gesang langgeng nangging ingkang tumindakipun awon ugi badhe dipun tangekaken lan nampi paukuman. Dados cetho wonten ing mriku bilih gesang ingkang dipun kersakaken Gusti meniko gesang ingkang suci lan sae, mboten nerak ing angger-angger Dalem.
Ugi ing seratipun Rasul Paulus dhateng umat ing Roma, 14 : 11 ugi kaserat :Pangeran ngandika: “Dhemi aku sugeng, sapa wae bakal sujud nembah Aku sarta ngluhurake Allah mawa lesane.” Mila kita kudu caos tanggungjawab dhewe-dhewe ing nggarso Dalem Allah.
Ing mriki kita dipun paringi ngertos bilih woh menopo kemawon ingkang kita hasilaken wonten ing gesang kita ing alam ndonya, sae lan mboten sae, kita bakal caos tanggeljawab wonten ing nggarsaning Gusti.
              Namung awit saking kasekenganipun, mila wongsal wangsul manungsa dhawah dhateng dosa, lan sering nerak angger-angger Dalem. 
Nangging Allah menika mahawelas lan mahaasih, Allah mboten nggersakaken manungsa manggih kasangsaran mergi dosa. 
Mila awit saking kawelasan Dalem menika, Allah ngutus Sang Kristus Putra Dalem piyambak caos kawilujengan kangge tiyang-tiyang dosa ingkang kaancam ing pejah langgeng,
Panjenengane karsa gesang wonten ing donya, nandang sangsara, seda, sarto sugeng malih, supados saged mangerani sing mati lan sing urip. 
Lan sarana panjenengane kita sedaya nggadhahi pangajeng-ajeng ndarbeni gesang langgeng. Awit Panjenenganipun piyambak ingkang ngersakaken bilih kagungan Dalem mboten wonten ingkang cicir satunggal kemawon. (Injil Yohanes,  6 : 37-40)

Kalebet sedherek kita ingkang sampun sumare menika, ingkang nalika gesangipun ugi dados kagungan Dalem Sang Kristus,  kita pitados bilih sedherek kita sampun ngadhahi pangajeng-ajeng gesang langgeng kaliyan Sang Kristus.

Lan kita ingkang tasih wonten ing donya menika tansaha nyenyuwunaken asih kawelasan Dalem Gusti piyambak  supados enggal karesikno dosa-dosanipun lan mugi enggalo manggih karaharjan lan kabegjan langgeng. Amin