RENUNGAN RIYAYA SALIB SUCI
Saben
tanggal 14 September, sedoyo umat Katholik, mengeti riyaya Salib Suci Dalem
Gusti.
Pengetan
menika mratelakaken wujuding iman kita, bilih sarana salib, Gusti piyambak
damel pakaryan ageng wonten ing donya sak perlu asung kawilujengan dateng
sedoyo umat ingkang sampun dhawah wonten ing sakwarnining dosa.
Gusti pirsa.
bilih manungsa menika ringkih bab dosa, kamangka ganjaran dosa menika pati.
Mila awit
kawelasan Dalem piyambak, Gusti maringaken Sang Putra kinasih sarana nglampahi sangsara
lan sedo sinalib supados manungsa ingkang pitados ing Panjenengane saged
wilujeng lan manggih gesang langgeng sareng kaliyan Panjenengane.
Kados dene
kang sinerat ing kitab Bil, 21 : 5-9, nalika semono bangsa Israel ingkang
sampun kadosan lan nyenyamah Gusti. Lajeng
sawer sami dugi lan nyakot tiyang-tiyang wau, saenggo kathah ingkang
sami tiwas.
Nangging.
Gusti tasih midhangetaken pasambatipun umat Israel ingkang sampun kadosan wau,
lajeng paring dhawuh dhateng Musa, supados yasa ula tembaga lan kapanjer. Dene
tiyang ingkang sami kacokot sawer sami mandeng ula tembaga wau lan dados saras.
Gesang kita
sak cara Katholik pitados. Bilih salib menika tuhu suci, awit dados damparipun
Gusti piyambak ingkang kamulyakaken. Lan ugi tandha tresna Dalem ingkang paring
kamenangan dhateng manungsa saking pejah langgeng.
Kita ugi nggadahi salib piyambak-piyambak wonten ing gesang kita, awujud panandhang lan awrating gesang, ingkang kedhah kita pikul. Nangging menawi kita sabar lan setya, kita ugi badhe nggadahi kamenangan.
Riyaya salib
suci Dalem Gusti ugi mboten lepas saking kisah santa Helena (ibunipun Konstantinus Agung
kaisar Romawi), wanita saleh lan tekun wonten ing iman, kalebet nalika nampi
tekanan politik lajeng kabucal sareng putranipun, amargi imanipun ing Sang
Kristus. Nanging margi ketekunan ing iman menika wau ndadosaken santa Helena
saged mangihaken salib suci Dalem Gusti Yesus ingkang sampun kakubur.
Salib nyata
tandha kamenangan kita. AMIN..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar