Rabu, 24 Oktober 2018

Renungan Katholik Ibadat Memule


Renungan Katholik, Sembahyangan memule, kangge ingkang sampun sumare

              

Para sedherek ingkang kinasih, sugeng pepanggihan lan berkah Dalem.
   
             Wonten ing iman Kristiani, kita sami pitados, bilih ingkang nglampahi gesang ing alam donya meniko temtu bakal nglampahi sedo. Sarana sedo, badan wadat ugi kadonyan kita katilar, lan jiwa kita ingkang kakersakaken kundur dhateng Gusti.
        Sedoyo manungsa temtu gadhah pepenginan sedo ingkang sae, ingkang sampun siap pepangihan kalihan Gusti. Wonten ing prakawis menika, manungsa namung saged usaha sak sae-saenipun, supados gesang kita salaras kaliyan karsa Dalem.
                Nangging gesang ingkang kados pundi ingkang kita kedhah upadi, supados selaras kaliyan karsa Dalem?
              Wonten ing Injil Yohanes 5: 29 kaserat bilih tiyang ingkang tumindakipun sae badhe dipun tangekaken lan nampi gesang langgeng nangging ingkang tumindakipun awon ugi badhe dipun tangekaken lan nampi paukuman. Dados cetho wonten ing mriku bilih gesang ingkang dipun kersakaken Gusti meniko gesang ingkang suci lan sae, mboten nerak ing angger-angger Dalem.
Ugi ing seratipun Rasul Paulus dhateng umat ing Roma, 14 : 11 ugi kaserat :Pangeran ngandika: “Dhemi aku sugeng, sapa wae bakal sujud nembah Aku sarta ngluhurake Allah mawa lesane.” Mila kita kudu caos tanggungjawab dhewe-dhewe ing nggarso Dalem Allah.
Ing mriki kita dipun paringi ngertos bilih woh menopo kemawon ingkang kita hasilaken wonten ing gesang kita ing alam ndonya, sae lan mboten sae, kita bakal caos tanggeljawab wonten ing nggarsaning Gusti.
              Namung awit saking kasekenganipun, mila wongsal wangsul manungsa dhawah dhateng dosa, lan sering nerak angger-angger Dalem. 
Nangging Allah menika mahawelas lan mahaasih, Allah mboten nggersakaken manungsa manggih kasangsaran mergi dosa. 
Mila awit saking kawelasan Dalem menika, Allah ngutus Sang Kristus Putra Dalem piyambak caos kawilujengan kangge tiyang-tiyang dosa ingkang kaancam ing pejah langgeng,
Panjenengane karsa gesang wonten ing donya, nandang sangsara, seda, sarto sugeng malih, supados saged mangerani sing mati lan sing urip. 
Lan sarana panjenengane kita sedaya nggadhahi pangajeng-ajeng ndarbeni gesang langgeng. Awit Panjenenganipun piyambak ingkang ngersakaken bilih kagungan Dalem mboten wonten ingkang cicir satunggal kemawon. (Injil Yohanes,  6 : 37-40)

Kalebet sedherek kita ingkang sampun sumare menika, ingkang nalika gesangipun ugi dados kagungan Dalem Sang Kristus,  kita pitados bilih sedherek kita sampun ngadhahi pangajeng-ajeng gesang langgeng kaliyan Sang Kristus.

Lan kita ingkang tasih wonten ing donya menika tansaha nyenyuwunaken asih kawelasan Dalem Gusti piyambak  supados enggal karesikno dosa-dosanipun lan mugi enggalo manggih karaharjan lan kabegjan langgeng. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar